Kamis, 15 Desember 2011
Selasa, 13 Desember 2011
buku
Atur Cecala
Puji lan syukur kangge gusti allah s.w.t kang maha agung saengga kula saged ngrampungaken penulisa buku menika ingkang irah-irahipun “swaraning ati”. Boten supe sholawat lan salam ingkang kacurahaken kangge nabi akhir jaman nabi Muhammad s.a.w.
Buku menika buku ingkang kula damel ingkang kapisan, buku menika kangge tugas semesteran “menulis kreatif” menawi buku menika langkung luwih kirang saking sempurna.
Pangajab kula mugi-mugi buku menika saged nggadhahi faedah kangge kula lan ingkang maos buku menika. Cekap semanten kemawon cecakala saking kula, menawi mangkih taksih wonten ingkang boten leres menika saking kula piyambak, lan menawi leres menika saking gusti ingkang maha agung.
Matur nuwun.
Daftar isi buku
Atur Cecala………………………………………….1
Daftar Isi Buku……………………………………....2
Sumebare Bungah…………………………………...3
Remuk……………………………………………….4
Kembang…………………………………………….5
Burem ………………………………………………6
Bapak……………………………………………….7
Entek ……………………………………………….8
Buthek ……………………………………………..9
Mbisu ……………………………………………...10
Padhang …………………………………………..11
Mung Kanggo …………………………………….12
Kowe Biyung ……………………………………..13
Aku………………………………………………..14
Aku Eling………………………………………….15
Anarkis…………………………………………….22
Kadhung…………………………………………..24
Lelakone mung Jaya Mada…………………..33
SUMEBARE BUNGAH
Mataku mung loro
Nanging mandeng ya mung siji
Mung bisa mandeng kowe
Sanajana aku mung wong kang ala
Aku nyadhar...
Aku krasa...
Aku weruh...
Batinku ora bisa selak yen aku lagi
Bebungah, bbebungah kang ora kaya biasane
Apa iki kang jenenge sumebar ing katresnan?
Iya...
Iya...
Bener iki kang dadi pangarepku
REMUK
Gandhen...
Gandhen...
Atiku sing bungah tumiba
Ati kang rasane bungah dadi bubrah
Atiku diremuk-remuk nganggo gandhenmu
Gandhen kang cilik
Warnane apik
Disawang penak
Nanging yen kaucap gandhenmu aku mung bisa
Rumangsa, mung cukup semene wae
KEMBANG
Yen tak sawang kowe apik
Tak jipuk aku wedi
Aku pengen
Banget pengenku
Kapan aku bisa jipuk kowe
Apa aku bisa?
Yen bisa kepiye anggonku jipuk?
Gawa duwit, sandhang, apa pangan?
Mbuh aku ora ngerti
Sing penting aku bisa nyawang
BUREM
Mbuh..
Mbuh..
Aku ora ngerti
Wis kebacut aku kaya ngene
Aku gela
Aku keranta-ranta
Aku wis ora bisa kaya wingi
Wingi kesed
Saiki aku gela, aku gela
Uripku dadi burem
Burem kang ora bisa owah
BAPAK
Bapak aku ora bisa males bapak
aku banget syukur nduweni
awit cilik, naganti saiki gedhe
aku mung bisa njaluk lan njaluk
aku bakal ngebakti marang bapak
bapak kang ngopeni aku
bapak kang nyekolahake aku
bapak aku bakal dadi wong sing kaya budi bapak
ENTEK
Aku dudu sapa-sapa
Aku dudu apa-apa
Aku mung manungsa kang lumrahe
Kowe...
Kowe kaya ratu kang gedhe
Aku mung nyawang wis cukup
Ora pengen kajen marang kowe
Aku wis keentekan tingkah
Aku wis ora bisa
BUTHEK
Atiku buthek…
Butheking atiku buthek susu
Ora kang bisa gawe bening atiku
Apa iki wis anugrah saka kang Maha Kuwasa
Butheking atiku bisa gawe bungahing liyan
Pancen atiku buthek,
Nanging butheking atiku buthek susu
MBISU
Awakmu gedhe
Sikilmu rosa
Kowe iku akeh kang seneng
Kena apa kowe nangis?
Aja…
Kowe aja nangis
Apa aku salah?
Apa wong-wong iku padha salah?
Aku ora ngerti
Pancen kowe iku bisu
Luwih becik mbisu wae
Mbisu kang gawe senenge ati liyan
PADHANG
Mataku melek
Mataku merem
Gelem ora gelem kudu melek
Iki wis dadi peepadhang ing uripku
Aku ora bisa selak
Aku ora bisa ngapusi
Sejatine iki pancen wis dadi kodratku
Kodrat kang wis tak tetepi
MUNG KANGGO KOWE
Ing njero atiku, kowe iku wujud sing istimewa
Sosok sing saben-saben tak gambar ana langit tanpa ana wates
Kowe kaya bayangan kang semu
Semu nanging nyata
Kowe kaya angin
Angin kang bisa gawa aku kagawa sumilir sempridit
Kowe kang bisa gawe bungahing atiku
Bungah kang rumasuk ana jiwaku
Jiwa kang ana bayangan awakmu kang nyata
BIYUNG
Aku bingung
Aku bingung
Apa iki kang dadi karepanku
Kang ora dadi kakarepanmu biyung
Aku luput, aku mblenjani janji
Aku luput
Kapan aku bisa males kaluputanku iki biyung
Bakal-bakale aku luput maneh
Duh gusti ngapura kula mugi ditampi gusti
Kula mugiya dados tiyang ingkang ajrih kaliyan luput
Tresna kaliyan becik
Mugiya saged katemenan
Aku
Aku…
Aku iki sapa?
Aku iki apa?
Aku mung lungguh
Ora bisa obah
Aku ora kaya owe
Aku kaya ngene kowe kaya ngono
Ajiku sepira
Ajimu sepira
Aku bingung sapa aku
Aku atos kowe alus
Iki aku aku ora duwe apa-apa
Jebule aku iki mati
Mati ora urip
Aku iki sela kang sing mulya
AKU ELING
Surti iku jenenge, wong-wong padha nyeluk aku gembul, mbuh amarga apa aku ora ngerti, jare amarga awakku kang gembul-gembul. Pokoke kabeh wis pada ngerti aku. Bocah lanang-lanang senenge padha goda aku, nanging aku ora tau tak gobres.
ing sawijining dina aku lunga arep golek kerja aku, aku kepngen sukses kaya kanca-kancaku. Ana kutha aku kepethuk karo kanca-kancaku, kayane kabeh padha gaul-gaul bocahe.Aku mung wong desa aku isin aku takon, nganti kanca weruh lan takon karo aku.
“mbul ....mbul......, kowe budheg ya?” aku rada isin dadi ora tak gagas.
“o..... lha celeng, ditakoni ora jawab!!!”
Aku ngerti yen nyeluki mau yu warti kang ana kutha jenenge dadi arti. Sakmana uga aku langsung lunga, aku tekan pusat kutha ora ngerti apa-apa. Mung modhal nekad aku golek-golek kerja. Siji-siji toko lan nggon kang gawe makarya tak tekoni. Nanging ora ana kang nampa aku.
“wis wengi, kepiye iki?” untunge aku ketemu maneh karo yu warti.
“eh yu warti” “sapa?” sawute yu warti.
“kowe ora weruh, aku iki arti, mau ditakoki mbisu!”
“iii..iiiya, ngapurane ya yu” jawabku.
Yu warti mung meneng, aku diajak menyang gedhung kang apik banget lan akeh wong wadon gawa klambi kang urung dadi. Aku rada risi, aku takok karo yu warti ngomonge iki nggon kang dadekake duwit sing akeh. Tak kira iki ya kerja sing apik-apik, malah aku ditawari kang ora becik kae.
“yu iki nggong kerjamu?”
“iya, kowwe nak arep sukses kaya aku ya kowe ki kudu kerja kene iki”
Angen-angenku wis tekan ndi-ndi, kaya-kaya aku arep dadi jutawan, nanging ing sawijjining kamar aku malah ditinggal karo yu warti, maune aku ora kuwatir.
Aku weruh kok ana wong lanang kang nutup kamar sing tak panggoni, aku rada wedi. Aku takok karo dheweke.
“panjenegan sinten nggih?”
“ah... kamu gak perlu tahu siapa aku” kanti swara kang alus karo nyedhaki aku.
Aku dicekel. Aku arep mlayu nanging aku ora kuasa, aku jaluk tulung ora ana kang nulungi. Sak wise kedadean kaya mengkana mau, kang dadi nafsune birahi setan aku ora bisa apa-apa. Bar-bare aku wis ana kasur kang empuk lan duwit akeh kang sumebar. Sakmana aku nangis, nanging piye maneh kabeh wis kadadean.
Bengi kuwi aku langsung mlayu saka gedung kuwi mau. Let pirang dina aku golek kerja maneh nanging tetep ora ana kang nampa. Terus aku mikir-mikir yen ngene terus aku ora bisa dadi jutawan, aku balik menyang gedung mau maneh. Aku kandha karo yu warti yen aku kepengen kerja.
“kula nuwun” ana wong wadon kang bukak lawang.
“iya, siapa km? Dan mau cari siapa?” omonge.
“madosi yu warti” wong wedok mau karo mesem krungu aku takok yu warti.
“disini ga da yang namanya warti, kalau arti ada”
“nggih arti menika” jawabku.
Aku mlebu, mangka saka jaba iku katon sepi banget nanging sak wise tekan jero aku gumun. Akeh banget wong-wong wadon kang ana kana, jebule kabeh panggaweane kaya mengkana, kerja kang upah saka nglembur karo wong lanang mata kranjang.
Nanging dina katekan dina, wulan katekan wulan, aku krasa penak kerja kana. Aku wis ora kuwatir, duwitku akeh. Nanging ana kana yen arep entuk duwit akeh aku kudu pinter-pinter ngladeni wong kang mampir ana wisma kencana kene. Wengi pas aku arep metu pengene arep golek tambahan duwit aku malahn kepethuk karo wong desaku, dheweke ya kerja kutha. Dheweke weruh yen aku lagi nongkrong ana lesehan gang-gang ngana kae, dheweke mung mandengi aku tok, ora takok babar blas, aku ya ora.
Suwe-suwe aku ngumpulake duwit kang tak entuk saka pagaweanku iki mau. Nanging suwene wektu ana kabar saka desa yen pagawean ora bener, yen ngene aku bingung. Wis pirang-pirang wulan aku kerja kaya ngene iki, aku ngerti iki pancen pagawean kang ala, ala banget. Nanging piye maneh, aku ora ana pilihan liya, ya mung iki kang bisa tak dadekake pagaweanku.
Ing sawijing dina aku ana dalan aku wengi-wengi mlaku dhewe, aku kepethuk maneh karo wong desaku, nanging iki dudu wong wadon, aku bingung arep omong apa. Aku bingung kepethuk kang jaya, ya iku wong kang tak tresnani.
“eh kang jaya. Lagi apa kok kang jaya ana kutha?” takonku.
“simbokmu ti, simbokmu” jawabane.
“napa mbokku kang?ayo jawab!”
“mbokmu lagi lara ti”
Semana uga aku langsung mlayu menyang panggonan kerjaku. Kang jaya nututi aku karo celuk-celuk terus. Tekane panggonan kerjaku kang jaya bingung lan takok karo aku.
“surti.....surti...... lho, iki panggonan apa ti?”
“apa kowe kudu ngerti kang?” aku karo nangis.
“surti!! Aja kaya ngono tingkahmu surti, aku ora seneng!!!”
“apa kowe ora seneng, pancen kowe ora tau seneng karo aku kang!”
“ora sur,, aku sejatine aku seneng kowe” jawabe, aku rada ora percaya.
“apa aku iki isih patut karo kowe kang. Aku iki wis ora becik.”
“sur, aku ora preduli yen ta kowe saiki dadi kaya ngene. Ayo saiki bali karo aku, gawe maneh urip kang luwih becik karo aku, lan mbokmu ya isih nunggu kowe”
Karo nangis-nangis surti langsung nyikep jaya. Langsung teka kang ndhuweni panggonane kerjane surti kanti omong karo nyentak-nyentak.
“heh.... apa itu. Kamu mau pergi dari sini? Siapa kamu mau ajak pulang pekerjaku?”
“bu, ini temen dari desa aku mau berhenti bu.”
“mau berhenti? Kalau kamu mau berhenti kamu harus bayar 1 juta dulu, baru kamu boleh pergi. Hahahahahaaa.”
Surti tanpa pikir-pikr langsung jawab nak gelem arep bayar semana. Surti langsung mlebu kamare, surti bingung duwite ilang kabeh. Jebule duwite dijipuk karo germo mau.
Surti metu maneh, lan omong yen duwite ilang. Jaya bingung arep piye, jaya tanpa pikir dawa langsung nggeret surti langsung mlayu. Semana uga centheng kang ana kana nggudak wong loro mau. Bejane wong loro mau ora kecekel, wong loro mau langsung bali desa. Tekan desa wengi, lan surti ora wani mlebu omah, surti isin, wedi amarga pagaweane kang ora becik mau. Ananging surti diwelingi karo jaya yen ta surti kudu wani, lan nyuwun ngapura.
“kula nuwun, kula nuwun.”
Bapake bukak lawang lan kaget.”surti? kowe bali nduk. Kae mbokmu pengin banget ketemu karo kowe.”
“Ngapurane pak kula lepat, kula lepat.” Aku kato nangis-nangis.
“ya ora apa-apa, sing penting kowe bali tekan omah lan kowe kudu bali kaya kowe biyen-biyen.”
Tekan semana surti lan jaya ngiket sumpah suci. Yaiku dadi temanten, surti lan jaya seneng lan uripe dilakoni kaya wong biasa maneh. Uripe tentrem lan dianugerhi putra kembar, tekan semana uripe wis seneng banget lan urip tentrem.
Nduweni anak kembar kang lucu lanang wadon. Kang jenenge iku rara lan riri, wong loro lan keluargane padha bungah. Sakmono uga Surti laporan karo polisi yen ana panggonan kang dadi prostitusi, langsung ditindak dening polisi.
Ora ana kang bisa nglukisake kasenengane wong loro mau, Jaya kang pagaweane mung dadi kuli bangunan lan kerja srabutan tetep matur nuwun dening gusti kang mirah. Ora suwe ana tawaran saka kerjaane Jaya kang tawaran mau Jaya di angkat dadi mandor.
Semono Jaya lan Surti langsung sujud syukur, lan uripe tambah kacukupan. Lan ora ana maneh kajadian kaya kang dialami karo Surti.
purna
ANARKIS
Wong enom saiki yen ora tau mabuk, gelut, kumpul kebo lan akeh-akehe iku ora disenengi karo wong nom-noman. Ananging ing sawijining desa wong enom-nomane iku padha ndugal, apa-apa kang dikarepake kudu nyoh. Jan-jane maune desa mau tentrem, ananging sakwise barang-barang kota teka ana ing desa mau kahanan dadi owah. Sanajan ngono, isih ana wong kang ora tau melu-melu kaya mengkana mau utawa melu anarkis.
Desane jane aman-aman wae, ananging desa sebelah kang dadi sasarane wong enom desa mau, kang diarani desa cibluk. Saben-saben ana wae kejadian kang ora kepenak didelok, kewan karo manungsa wis ora ana bedane. Semana mau wong enom kang ora tau maksiat sing jenengane praptoni, kang diceluk toni arep balikake desane kaya maune. Nanging akeh banget halangane, lha wong tuane wae ya melu-melu kaya mengkana. Ya judi, medok, wis pokoke ora kaya maune. Toni mikir piye carane, lan toni nduwe ide, toni jaluk tulung saka pamarintah. Nanging toni malah ditampik pamarintah amarga desa mau pancen arep digawe lokalisasi. Toni kaget, banjur toni jaluk tulung marang polisi nanging ya ditampik.
Toni bali gawa ati kang pedhes. Niate arep apik malah ditampik kabeh. Toni kang pinter ngaji lan silat mau nduweni tekat sapa wae kang gawe perkara arep dilibas.
Sawijining dina wong desa cibluk gawe gara-gara yaiku nyabuli prawan kang ana desa sebelah. Desa sebelah mau ora trima lan ngajak ribut. Ing kono wis padha unjuk-unjukan, ana sing gawa arit, bendho lan akeh-akeh. Dina esuke kabeh padha ngumpul ana ing wates desa wis siap-siap arep maju bentrok wis kaya arep perang wae.
Nanging kabeh mau arep dicegat karo toni. Malah toni dianggep sok-sokan, toni tetep ora mundur. Bat-bet......bat-bet swara wong kang padha bentrok. Toni arep misah, kojur pancen kojur, toni kesabet parang gulune, crooot...... getih kang muncrat ora kena dibalikake. Toni mati, semana uga wong desa padha nonton kewirangan. Polisi teka lan sing gawe ulah padha ditangkap. Lan semana mau desa mau balik kaya asale, lan desa mau malah maju saka gotong royong lan kekerabatan kang wis dadi panyengkuyunge bareng-bareng.
purna
kadhung
Wati iku jenenge wonge ayu, resik, nanging siji kang marakake nganyelake dheweke iku tomboy (kaya lanang). Kabeh padha gumun karo wati, lha apa-apa kang pagaweane wong lanang bisa kabeh, ya macul, usung-usung, megae lan olah raga wae ora ketinggalan pintere. Pancen wati iku wadon nanging kaya lanang, nak dolan ya ora gelem karo wong wadon geleme karo wong lanang.
Saben-saben dheweke iku kumpul ana gang karo bocah-bocah lanang. Ya sekak, remi lan guyon-guyon. Ana ing dina malem minggu dheweke dheweke melu ronda, maklum bapakne lagi gerah. Dadi wati kang ganti bapakne, mangka wati wadon nanging tetep nekap bocahe. Wati ana pos kampling omong-omog karo kancane, karo kang beja, lan kang tirta.
“kang kepiye iki?”
“kepiye apane?” kang beja jawab.
“iki lho.. aku ki kepengan melu bal-balan desane kene, piye iki?”
Kang beja lan kang tirta ngguyu cekakakan. Wati meneng sedela. Brakkk...... unine papan kang tak antem karo tangane wati. Malah saya ngguyu cekakakan. Wati meneng, “heh kang aku iki tenanan, piye carane?”
Kang beja lan kang tirta ora jawab, pas ana seleksi pemain bal ana desane wati melu seleksi. Nanging kuwi kanggo pemain al sing lanang. Wati ora keentekan akal, dheweke tetep nekad melu seleksi. Wati nyamar dadi wong lanang, dheweke malsu jenenge dadi wawan. Wati kang malih dadi wawan mau melu seleksi, lan ana kana wawan seleksi ketemu bocah lanang kang bagus, pas dadi sak tim weaktu uji coba kanggo seleksi, lan wawan mau pancen ton apik maine. Lan wawan kepengin bocah lanang mau ya mlebu tim desane.
Lan pas wektune pengumuman wati alias wawan mau bareng karo bocah lanang mau, lan ana kana wong loro mau dolanan bal karo omongan.
“mas sinten nama panjenengan?” omonge wati.
“oh..kula, nama kula irfan, lha nama panjenengan?” sauté irfan.
“kula wawan, wah kaya pemain timnas ya? Pada irfane” wati maneh.
”saged mawon mas wawan nak ngece, hehehehee…..”
Wong loro mau omongan terus tekan wektune pengumuman. Lan wong loro mau katrima kabeh lan tanpa disengaja irfan mau ngrangkul wati, wati kaged dirangkul karo irfan. Wati rasane isin, nanging tetep biasa kaya nak wong lanang.
Sak wise ngerti yen wong loro mau ketrima, banjur padha mampir ana warung. Ana kono wati lan irfan omong-omong biasa, irfan ora ngerti yen wawan iku asline wati. Sambi mangan klethisan wati lan irfan omongan mbuh tekan ngendi-ndi sing di omonganke.
Sak durunge bali omah wati ngomong karo irfan. “ ngati-ati!”
Irfan bingung kok ora kaya kanca liyane. “ iya.” Sauté irfan.
“Sesuk aku diampiri!”
“i..ii…iya.”
Tekan omah wati terus kepikiran karo irfan. Wati mikir napa kok bisa kaya mengkono. Sakwise iku wati dolanan bal ana latar lan sorene langsung adus. Wati terus bayangake sesuk yen maen bareng karo si irfan.
Esuk wis teka wati tangi, lan pemasan sithik-sithik. Wati banjur mlayu menyang lapangan, wis tekan lapangan wati lali yen arep diampiri irfan. Irfan marani ana omahe wati nanging wis mangkat. Irfan terus mangkat,tekan lapangan irfan nyedhaki wati.
“wan. Kok wis mangkat? Jare arep bareng?”
“eh iya aku lali, ngapurane fan.”
“iya.”
Esuk kuwi kabeh pemain kang kapilih padha latihan, ana kono irfan karo wati latihan bareng. Latihan bareng wati dadi krasa beda, kayane ana kang krasa kapenak, nanging sakmestine ngertine irfan wati kuwi wong wadon.
Ana lapangan irfan pas mlayu nubruk wati, bruukkk….. saketika wati kaget lan mesem-mesem. Sakmono kuwi irfan takok karo wati,,
“eh napa kowe guyu-guyu wan?”
“eh…. Ora apa-apa.”
“kok…. Guyu-guyu?”
“hehehehee.”
Jan-jane wati kuwi mikir irfan kuwi wis duwe pacar apa during, lha pas mikir-mikir ana wong wadon kang teka menyang lapangan. Wah… jebule wong wadon mau ngirim ngombe karo irfan. Wonge wis ayu lan seksi. Wati rada cuek karo irfan, lan mikir maneh sapa kuwi wong wadon kang ayu iku. Wati weruh dadi sebel amarga wong loro mau sajak akrab lan mikir nak kuwi pacare irfan.
Wesss….. swara bal kang meh nyamber awake irfan.
“eh… ati-ati wan! Aku iki nak kena balmu piye?”
“ah…. Ora ngurusi….”
“aja kaya ngono. Aku iki ta kancamu.”
Wati mung trima meneng.
Latihan dhewe, kancane kabeh wis padha leren. Lan di timbale karo irfan wae ora gelem, lan wong wadon mau bali lan irfan latihan meneh. Lan mlayu marani wati, lan samba omongan karo wati.
“napa wan? Kok tingkahmu kaya ngono mau?”
“mbuh?” karo sinis lan acuh.
Wis bare latihan irfan ngajak bareng nganggo motor buntute, wati malah meneng wae, lan irfan bali dewe. Wati rada gela jane iya pengen bareng. Sak tekane omah wati kaya dina-dina wingine pengene ketemu karo irfan terus,, nanging deweke dadi kepikiran sapa wong wadon kang ngirim irfan mau.
Wong dasare lagi remaja samestine wati lagi kasmaran, nganti-nganti melu ronda lan nganti tekan desa sebelah yaiku desane irfan. Tekan kono wati menthunge penthungan rada seru, lan ora suwe ana wong wadon kang metu. Wati kaged sing metu jebule wong wadon kang ngirim irfan mau.
Thung….Thung….
Thung…. Thung…..
“heh… tukang ronda aja menthung banter-banter. Aku ora srek krungu penthunganmu kuwi.”
“ohhhh…. Napa ora seneng? Nya tak banterake…!”
Thung……….. thung …………… nganti sak rosane kae.
“ah…… he tukang ronda kowe san saya kurang ajar!!”
“napa? Arep nantang kowe?”
Dasare wati iku tomboy dadi wati tetep lagake ya kaya wong lanang. Lan ana kono langsung dileremke karo kancane kang melu ronda. Ora suwe irfan teka lan takok ana apa kok rebut-ribut.
“ana apa iki? Kok ribut-ribut karo adhiku?”
Wati kaged sakwise irfan teka lan ngomong yen kuwi adhine.
Adhine nyauri.”kuwi lho…. Tukang ronda, wadon melu ronda jan ora patut,trus menthung banter sak pole.”
“wis…wis…wis….. ngana wae ya padha rebut. Ngapurane ya mbak adhiku pancen sensitif, aja digawa ning ati.”
“ii…iiya padha-padha”
“mas…. Aku ora salah, wong kuwi sing salah! Kok aku sing disalahke?”
“wis ayo mlebu.”
Lan wong loro mau mlebu isih padha umrek. lan ana jaba sing padha ronda padha guyu. Wis bengi kabeh padha bali, lan wati sesuk ana pertandingan sing kapisan.
Tekan omah wati langsung turu, lan ora patio mikir sapa wong wadon mau. Esuke teka srengenge mbedah bumi sak nalika wati tangi. Deweke kage yen arep ana tandingan, wati langsung omong karo wong tuwane yen arep ana tandingan. Lan ana ngarep omah wis ana irfan kang wis ngenteni wati.
Wati kaged yen wis di enteni karo bocah lanang kang wis gawe sumringahe atine. Lan wati bareng karo irfan karo omongan sithik-sithik.
“fan.” Wati nganggo swara wadon. Sssttt….. swara rem motore irfan.
“lho…. Kok swaramu rubah?”
“Ora kok iki mau mung gawe dolanan kok. Hehehehe. Kowe kok bagus, mesti akeh kang seneng karo kowe ya?”
“sapa ngomong, aku iki pacar wae ra nduwe.”
“masa?”
“iya. Wis ah ndang ngko keri.”
Langsung ngebut…. Weesssssssss…….
Tekan lapangan wong loro mau langsung ganti klambi lan siap-siap. Ana kono wong loro mau dadi pemain kang ana ngarep utawa striker kang basa gaule.
Tandhingan rampung lan time mau menang, menang tipis 3-4 lan sing ngegolake irfan lan wati. Ana kono adhine teka maneh wati rada seped weruh adhine. Amaraga kuwi adhine irfan wati dadi rada ditahan rasa sepede mau.
Sak bubare wati ngomong karo irfan kang ora di kira karo irfan, wati ngomong yen seneng lan nguculi wik kang di enggo, lan irfan kaged jebule cewek kang suit-suit,,,,, .
“fan sabenere aku iki wong wadon, aku nyamar mung pengen dadi pemain bal. aku tresna karo kowe pas ketemu pisanan karo kowe fan.” Karo nyikep irfan.
Lan irfan ngomong.” Apa iya? Jan jane aku iki wis ngerti kowe.”
“kowe wis ngerti aku?”
“iya,,, adhiku ya ngerti. Aku mung nunggu kesempatan kang pas. Saiki kayane pas, aku ya seneng karo kowe.”
Adhine teka, “hore…….”
Irfan lan wati dadi bungah. Sakmono uga adhine kang wis gawe getun wati jebule mung ethok-ethok gen gawe kesel wati. Nanging saiki wis dadi kaya wong sing wis akrab banget. Sak bare kuwi wati malih dadi kaya wong wadon kang biasa.
purna
LELAKONE MUNG JAYA MADA
Adegan 1 : gambaran kisruh ana rapat, Jaya Mada nglamun.
Suasana : kisruh, bingung.
Jaya Mada : Aku kudu bisa… kudu bisa ngadhemke kahanan iki…..
Pak Harya : Jaya…
Jaya Mada : Pak Harya… mangga… mangga… Pak guru katuran pinarak..
Pak Harya : Sajak kaget aku teka ing omahmu?
Jaya Mada : Wanci dalu Pak Harya rawuh, kamangka Pak Guru taksih gerah.
Pak Harya : Jaya, larane Bapak ora sepiraa. Katimbang klawan weruh lelakone wong-wong ing pamarintahan…. Ya kowe kang bisa ngadhemake kahanan ing pamarintahan …
Jaya Mada : Pak …..
Pak Harya : Iya Jaya, mengertia yen kowe kuwi sing bisa nandangi iki kabeh… Bapak arep lengser saka pamarintahan iki..
Jaya Mada : Pak Harya badhe lengser?
Pak Harya : Bener, aku wis ora patut lungguhi pangkat iki. Wis ora jumbuh karo kahanan iki. Lan kowe gumanti kalungguhane paman ….
Jaya Mada : Kula?
Pak Harya : ya…
Jaya Mada : Boten Pak. Menika sanes karampunganipun kula, mangkih sansaya damel gegere swasana.
Pak Harya : Kena apa?
Jaya Mada : kula dereng kiyat mikul kalungguhan panjenengan Pak. Taksih kathah ingkang langkung pantes tinimbang kula.
Pak Harya : Saka pamawasku ora ana kang pantes kajaba kowe Jaya.
Jaya Mada : Dereng Pak.
Pak Harya : Jaya, jujura marang awakmu dhewe… kang dak ngerteni lan dak rasakake dadi abdi Negara iku kudu pinunjul, lan kudu bakti marang Negara. Kowe kuwi nduweni iku kabeh, Jaya kowe mesti duwe angen-angen kepingin kalungguhan …
Jaya Mada : Dereng kathah labut lebet kula tumrapipun Negari, Pak Harya…
Pak Harya : Jaya jujura marang swaraning batinmu.
Jaya Mada : Kula…
Pak Harya : Jaya….
Adegan 2 : Kantor Angkatan Darat.
Swasana : Tenanan, sepantheng.
Kepala AD : Pak Harya, saklengseripun Pak kusuma, kula ingkang gumantos, nanging negari malah boten tentrem, malah saya kathah rubeda… tambah panjenengan badhe lengser, menapa boten saya damelipun ringkih nagari?
Pak Harya : Pak Salim, kula sampun sepuh lan ringkih, sampun wancinipun negari ndhudhah para mudha.
Kepala AD : Sinten tiyang menika?
Pak Harya : Jaya Mada….
Rasuta : Apa….!! Jaya Mada….!!! Aku ora sarujuk, Jaya Mada ora pantes kalungguhan ana kene, akeh kang luwing apik katimbang Jaya Mada…
Rakencar : Pak Salim…
Jaya Mada sampun dangu caket kaliyan Pak Harya, boten mokal yen Pak Harya njagokaken Jaya Mada.
Pak Harya :Kowe aja grusa-grusu kesusu ndakwa kang ora prayoga…
Kabeh wis tak petung nganggo dhasar kang waton.
Rasuta : Dhasaripun menapa?
Pak Harya : kowe kelingan pak Kuti? Sap kang bisa nyirep? Sapa kang bisa nylametake pak Haris? Sapa? Hemmm……
Jaya Mada… ya mung Jaya Mada sing bisa nyirep, lan nylametake pak Haris tanpa ana korban. Aku ngerti yen Jaya Mada kuwi isih cendhek drajate, nanging aku percaya Mada iku sawijining wong kang ora mung ngandhelake okol lan atosing raga, nanging wong kang kebhak petung kang gumathok…
Kepala AD : wis cukup…. Negara ora mbutuhake bantahing nara praja kanggo mbenerake panemune dhewe-dhewe. Aku wis ngerti sapa sing salh lan sapa kan bener. Lan ngerti sapa kang duwe labuh marang Negara.
Jaya Mada….
Kepala AD : Piye kasaguhanmu menawa kowe gumanti Pak Harya?
Jaya Mada : Pak, kula….
Pak Aditya rawuh kanti ngos-ngosan….
Pak Aditya : kula ingkang sowan….
Kepala AD : alon-alon, kepiye anggonmu pinangka duta saka Negara aneng kabaret abang?
Pak Aditya : Keparenga kula matur …..
Pangrembug kula wonten kabaret abang boten dipun tampi, malah kula namung dados ceceda dening kabaret abang….
Kepala AD : pranyata kabaret abang wis gawe dak-daking perkara…
Pak Aditya : boten namung menika, malah badhe manunggal lan netepake merdika.
Kepala AD : merdika…?(kabeh pada kaget)
Pak Harya, pranyata Kabaret abang wis ora kena rembugan kanti aris, kedah dipungecak sarana paperanga.
Pak Harya : Leres, kula siap… lan sarujuk….
Kepala AD : Jaya Mada, siygakna tentara, lan lurugen ana ing patihan. Nanging sadurunge budhal, kowe bakal sun wisuda luwih dhisik pinangka dadi wakil kepala AD negari dutan.
Rasuta : boten ngemungaken Jaya Mada . kula ugi gadhah tanggel jawab lan kula ugi saget ngetingalaken labuh labet kula tumrap negari.
Rakencar : semanten ugi kula …..
(rasuta lan rakencar budhal dhisiki jaya mada)
Kepala AD : Jaya Mada Negara ora butuh wong kang tanpa petung. Dhawuhku minangka kepala AD Negara Dutan, ya mung kowe kang bisa nyirep prahara Kabaret abang.
Jaya Mada : Nggih pak, kepareng nyuwun pamit, nyuwun tambahing pangestu…
Kepala AD : pangestuku mbanyu mili……
Adegan 3: ngarep kantor AD
Swasana : kenceng
Jaya Mada : Para tentara …. Piye.. apa wis siap?
Tentara : siap!!!
Jaya Mada : bagus.. budhal…
Pelatih : Jaya…
Jaya Mada : oh.. pelatih…
Ayo padha mangkat…
Tentara : siap!!!
Pelatih : ngerit tentara jangkep lan senjata , arep menyang ndi?
Jaya Mada : nglurug perang lumawan Kabarep abang.
Pelatih : ngelmu sing kok sinau jebul mung kanggo nindhes wong kang ringkih lan gawe raja pati….
Jaya Mada : Kula naming ngayahi kewajiban pak, kula boten saged suwala lan kedah nindhakake dhawuhe pak kepala.
Pelatih : tentara kuwi dudu kewan .. tentara kuwi manungsa… manungsa kudu duwe rasa kamanungsan, bisa mbedakake bener lan luput, bisa milah-milah sing bener lan salah, adil lan ora adil, lan duwe rasa welas asih.
Jaya Mada : Kula saged ngraosaken Pak….
Pelatih : Genea kok mbok lakoni?
Jaya Mada : Sampun boten wonten margi sanes.
Pelatih : ana….
Jaya Mada : boten wonten Pak….
Pelatih : nalare?
Jaya Mada : Sampun boten saged dipun rembag kanti cara aris, jalaran Kabaret abang sampun nggadhahi tekap badhe uwal saking negari dutan. Tegesipun cabaret abang kepengin mardika, mandireng pribadi.
Pelatih : yen nganti ana, wilayah cilik kepengin mardika, kuwi mesthi ana sebabe?
Jaya Mada : Leres pak,… nanging menika rak nggih saged dipun rembag.
Yen pancen ingkang lepat menika para pejabat ing negari, inggih saged dipunrampungi kanthi hukkum lan pranatan ing negari. Menawi sampun kabukten pejabat ingkang lepat, inggih nglenggana menawi perlu kedah lengser… menawi Kabaret abang ngantos saestu mardika lan panguwaos negari menika mendel kemawon temtu wilayah kang alit liyanipun bakal nyuwun mardika. Menawi mekaten negari bakalan ringkih…
Jaya mada boten badhe ningali kahanan kang mekaten… negari kedah tetep manunggal.. .
Pelatih : oh … Jaya Mada… matur nuwun gusti ….
Boten klentu anggen kula ngesokaken ngelmu dumateng Jaya Mada…..
Jaya Mada : nyuwun tambahing pangestu…..
Pelatih : tak pangestoni….
Adegan 4 : palagan
Swasana : perang
Rasuta : Kabaret abang padha nyeraha, angklungna janggamu kuncupna tanganmu dak sowakake Negara, mengko aku kang nanggung kaslanetanmu….
kabaret : ora sudi manungkul….. wis tak dhadhaki merga Patihan kudu mardika, ora sudi….
Rasuta : yen pancen wis ora kena tak endhakake kang dadi kakarepanmu, bangga bakal dakladeni….
(perang )
Kanti rasuta lan rakencar kalah, lan jaya Mada maju. Lan Jaya mada bisa nyirep Kabaret abang. Negara tentrem maneh. Lan Jaya Mada diangkat dadi salah sawijining dhuwuran kang ana kono. Negara sansaya makmur.
purna
Langganan:
Postingan (Atom)
