Pages - Menu

Selasa, 04 Juni 2013


Geguritan

 Bocah cilik kae

Bocah cilik sing nyapu latar kae
Sapa ngerti mbesuk tembe thukul elare
Mabur dhuwur nganglang langit numpak mega-mega
Andon lelana sinambi methiki lintang kartika

Bocah cilik kae isih bening jiwane
Isih suci lemah atine
Aja ditanduri jenu utawa senthe
Aja dibumboni wisa utawa krawe
Bocah cilik kae
Togna menyang endi abur jiwane

Tidak ada komentar:

Posting Komentar