Membaca Nyaring
GAMELAN KAGEM JAMU AWET
NEM
Gamelan punika tembung ngoko, kramanipun gangsa lan kawinipun pradangga. Gangsa sajatosipun tembung
tjamboran-wantjahan, jangkepipun
mungel: temba ga + radja sa. Tembaga lan radjasa punika wastane
pelikan (logam), dicampur lan diluluh, dipundamel gamelan. Tembung gasa (tembaga
+ radjasa), pengucap
lan panyeratipun mingsed dados gangsa. Piranti gangsa ingkang umum punika kadasta : saron
demung (demung), saron barung (saron), saron penerus (peking), bonang
panembung, bonang barung, bonang panerus, kethuk, kenong, kempyang, kempul,
gong pamungkas, gong suwukan, gendher(panerus, barung, slentem), gambang,
suling, siter, rebab, kendhang(gedhe, batangan, ketipung), kecer.
Kagem masyarakat jawa gamelan
nggadahi mupangat estetika ingkang gegayutan kaliyan nilai-nilai sosial, moral
lan spiritual. Kita kedah bombong nggadahi piranti kesenian tradisional
gamelan. Sedaya tiyang ing donya punika percaya bilih gamelan punika
piranti musik tradisional timur ingkang
saged nyarengi piranti musik barat ingkang sampun maju. Ing kahanan napa
kemawon ungel gamelan saged ndamel remening manah tiyang ing masyarakat.
Gamelan punika piranti kesenian ingkang luwes sanget. Ing makalah punika kula
langkung ngutamakaken ngrembag kados pundi gamelan punika nggadahi mupangat
kagem kesehatan jiwa saengga saged dados jamu awet nom. Kita sedaya mangertos
bilih tiyang ingkang asring ngecimpumg ing karawitan, raos setiakawan tuwuh, tutur sapa alus, tumindakipun sopan.
Sajatosipun ingkang ndadosaken
saklebeting sikep-sikep punika yaiku tiyang punika nggadahi jiwa ingkang sehat,
tenang, boten gampil emosi. Saking gamelan punika jiwanipun tiyang-tiyang
punika saged kalatih.
Ing raga manungsa punika wonten
wirama ingkang harmonis (detak jantung, tarikan nafas, aliran darah, lan detak
nadi ingkang nggadahi reruntutan ingkang mangun musik)kadosta alam semesta
ingkang uga nggadahi wirama.wirama-wirama alam semesta ingkang lumebet ing raos
kawujudaken dados wirama-wirama gamelan. Lumantar wirama-wirama musik kasebat
manungsa nglampahi pemujaan lan perenungan spiritual. Wirama-wirama musik boten
anamung dados seni, ananging dados basa jiwa, spirit kagesangan, wirama Sang
Maha Pencipta, basa ingkang kapisan dados wiwitaning kagesangan. Minangka
sarana lan wujud komunikasi universal, wirama-wirama musik nglumantari basa
verbal, dipuntampi talingan, kalajengaken ing manah, lajeng pusatipun raos.
Amerga raos menika wirama-wirama musik saged nglumantari wates-wates etnis,
agama, komunitas lan negara.
Musik gamelan (Jawa, Bali, Sunda)
inggih punika salah satunggaling musik tradisional ingkang saged katampi
kawontenanipun ing internasional. Miturut Prof Dr. Rahayu Supanggah gamelan sampun kawucalaken minangka
pendidikan karakter kangge lare-lare sekolah dasar ing Singapura. Malah ing
Inggris gamelan dipunginakaken dados sarana terapi kagem narapidana tingkat
inggil, program punika kasebat “good vibrations”. Nilai-nilai filosofi ing
gamelan inggih punika nilai-nilai keharmonisan hubungan manungsa sae kanthi
horisontal semenuga vertical dhumateng
Sang Maha Pencipta.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar