Pages - Menu

Selasa, 04 Juni 2013

Teks cerita wayang “Anoman Obong”
Kompetensi Dasar      :  Membaca pemahaman bacaan sastra (cerita lanjutan wayang Ramayana) atau bacaan nonsastra dengan tema tertentu.

ANOMAN OBONG
Prabu Dasaratha saking negari Ngayodya kagungan putra sekawan; Rama, Bharata, Laksmana saha Satrughna. Satunggaling dinten wonten resi anami Wiswamitra ingkang nyuwun pambiyantu Sri Paduka Dasarata mbébasaken pratapanipun saking para raseksa. Lajeng Rama saha Laksamana tindak.
Ing pratapan punika, Rama kaliyan Laksmana mejahi sedaya raksasa lajeng tumuju negari Mithila amargi wonten mriku pinuju wonten sayembara kanthi janji sok sintena ingkang mimpang saged nyunting putri raja anami Dèwi Sinta. Sayembara ingkang kasebat inggih punika menthang gendéwa ingkang rumiyin sareng kaliyan wiyosanipun Dewi Sinta. Mboten wonten ingkang kuwawi menthang gendéwa kajawi Rama pramila saking menika Rama lajeng dhaup kaliayan Dewi Sinta sasampunipun Dewi Sinta dipun boyong kondur dhateng Ayodya.
Ing Ngayodya Rama bakal dipunangkat dados ratu, amargi piyambakipun putra pambajeng. Ananging Kaikeyi, salah satunggiling garwa prabu Dasarata ingkang sanès ibu Rama ngendika manawi sri paduka naté ngandika menawi Barata ingkang bakal dados raja. Senadyan kanthi awrat ing penggalih, raja Dasarata nulusaken panyuwunipun awit pancèn naté janji mekaten. Lajeng Rama, Sinta kaliyan Laksmana tindak nilar kedhaton. Sasampun pinten wanci, prabu Dasarata séda lajeng Barata madosi. Piyambakipun rumaos mboten pantes dados raja lajeng nuwun supados Rama kersa wangsul. Ananging Rama nampik lajeng nyukani sandhalipun (basa Sansekreta: pāduka) marang Barata kados lambang kakuwasanipun.
Lajeng Rama, Sinta saha Laksmana wonten alas Dandaka. Ing mriku wonten raksasi anami Surpanakha ingkang kasengsem remen kaliyan Laksmana lajeng mindha dados wanodya ayu. Ananging Laksmana mboten saged dipunrayu, malahan wusananipun pucuk irungipun keiris. Surpanakha duka lajeng wadul kaliyan kangmasipun sang Rahwana. Piyambakipun saged mbujuki saha ngakèn Rahwana supados nyulik Sinta.
Lajeng sang Rawana ndhawuhi Marica, satunggiling raksasa kanggé nyulik Sinta. Marica pados upaya mindha dados kidang emas ingkang éndhah. Sinta katarik lajeng nyuwun garwanipun supados mbedhog kidang punika. Rama nilar Sita kalih Laksmana, tindak piyambak ngoyak si kidang emas. Si kidang emas gesit sanget, mboten saged dipuntangkep. Wusananipun Sri Rama anyel lajeng dipunpanah. Si kidang emas njerit kelaran lan éwah malih dados raksasa, lajeng pejah. Sita ingkang wonten tebih nginten ingkang njerit punika Rama lajeng ngekèn Laksamana madosi. Laksmana mboten purun anging wusananipun purun sasampunipun dipunlèhaken kaliyan dipuntedhah Sita ajeng ngepèk piyambakipun. Wusananipun Sinta dipuntilar piyambakan lajeng saged dipunculik Rahwana.
Ceritanipun sang Sinta kapireng déning peksi sang Jatayu ingkang naté dados réncangipun prabu Dasarata, lajeng usaha nulungi Sinta. Anging Rawana langkung kiyat, saged ngalahaken Jatayu. Jatayu ingkang sekarat taksih saged nyukani laporan marang Rama saha Laksmana menawi Sinta dipunbekta marang Alengka, ing kedhaton sang Rahwana.
Lajeng Rama saha Laksmana tindak dhumateng kedhatonipun Rahwana. Ing satunggiling tlatah manggihi para wanara saha ratunipun ingkang anami Bali. Bali punika nyulik sèmahipun kangmasipun. Wusananipun Bali saged dipunpejahi lajeng sèmahipun dipunwangsulaken marang Sugriwa. Sugriwa sumedya nulungi sang Rama. Wusananipun mawi wadya bala wanara kalih sénapatinipun Hanuman, satunggiling kethèk pethak, sedaya saged mejahi Rawana kaliyan mbébasaken Sinta. Sinta saged dipunboyong wangsung menyang Ngayodya lajeng sang Rama dados raja.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar